Bali,
Pulau Dewata, Permata Indonesia utawi ingkang dipunwastani ugi Paris Indonesia.
Pulau ingkang saben-saben papan inggih menika wisata. Pulau alit ingkang wonten
ing wetanipun Jawa ananing masarakatipun kathah sanget, boten kajawi turis ugi,
turis domenstik utawi turis manca. Pulau ingkang pitadosanipun kathah-kathahipun
inggih menika Hindu, saged katingal sanget saking budaya ingkang wonten ngrika.
Kadosta, maringi sajen wonten ing ngajengan, ngajeng toko, dalem, panggung,
kampus, utawi ngajengan papan sanesipun. Bangunan-bangunanipun ugi taksih
kenthel sanget kalian hindu.
Kabudayan
Bali langkung kathah saha amba menawi dipunsinauni. Kadosta, basa, aksara,
ageman, beksan, saha pura-puranipun. Kabudayan menika boten ucul saking Bali
wiwit rumiyen dumugi samenika. Kabudayan menika taksih wonten gandheng
cenengipun kaliyan pulau sakilenipun inggih menika Jawa. Boten lepat bilih
wonten ingkang mastani Bali kaliyan Jawa menika langkung sami utawi mirip.
Jawa,
pulau ingkang sesek piyambak ing antawisipun pulau-pulau wonten Indonesia,
sinaosa tiyang Jakarta mastani bilih Jawa inggih menika Jogja kemawon. Masarakatipun
kathah-kathahipun Islam. Anggadhahi kabudayan ingkang kenthel ugi kadosta Bali,
ananging samenika katingal ical sekedhik baka sekedhik. Kabudayan Jawa kadosta
basa, aksara, upacara, beksan, saha sanes-sanesipun taksih radi sami kaliyan
Bali.
Gb: aksara Bali (ngandhap) saha aksara Jawa
Wiwit
saking aksara. Wonten ingkang mastani bilih aksara Bali menika turunan saking
aksara Jawa, ananging ingkang beda inggih menika jumlahipun. Aksara Bali dumugi
samenika taksih dipunlestantunaken wonten Bali. Wiwit saking panyeratan nama
objek wisatanipun, perpustakaanipun, ugi taksih wonten panyeratan naskah Bali mawi
aksara Bali ingkang dipunserat wonten lontar. Boten kesupen ugi sekolah wonten
Bali taksih nyinauni aksara Bali. Dados miturut masarakat Bali, aksara Bali inggih
menika perkawis ingkang biasa, asring, saha boten awrat.
Radi
beda saking Jawa menawi dipuntingali
babagan aksaranipun. Wonten Jawa, aksara Jawa dados perkawis ingkang kuna.
Sampun boten kathah sekolahan ingkang nyinauni Basa Jawa wonten ing mata pelajaranipun.
Panyeratan naskah Jawa ingkang taksih mawi akasra Jawa ugi sampun boten wonten,
amargi samenika naskah sampun dipunserat latin supados gampil anggenipun maos.
Masarakatipun, utamanipun lare nem, kadose sampun boten kathah ingkang eling
babagan aksara Jawa. Aksra Jawa ingkang katingal taksih dipunangge namung
wonten ing pinten-pinten papan inggih menika Jogja saha Solo.
Taksih
wonten gandheng cenenipun kaliyan aksara, babagan naskah antawisipun Bali
kaliyan Jawa ugi wonten ingkang sami. Sami-sami anggadhahi carios sejarah
langkung saking 50 taun kepungkur ingkang dipunserat wonten dluwang utawi
lontar utawi ingkang kawastanan naskah menika. Carios sejarah saking Bali ugi
wonten gandheng cenengipun sekedhik kaliyan carios sejarah wonten Jawa. Kadosta
caarios Rama Sinta, Gadjah Mada, saha Anglingdarma. Naskah menika menacing
wonten Bali dipunserat wonten lontar, kados tiyang-tiyang jaman rumiyen. Panyeratan
naskah menika dados babagan ingkang umum kangge masarakat Bali. Lontar wonten
Bali taksih kathah dipundamel amargi taksih kathah witipun. Naskah Bali wonten
perpustakaan-perpustakaan Bali sedayanipun dipunserat wonten lontar ingkang
dipunsimpen wonten koprak. Lontar wonten Bali boten namung dipunangge nyerat
naskah kemawon, ananging saking kathahipun lontar wonten Bali, saengga lontar
ugi dipunsade bebas, dipunkembangaken dados piranti seni sanes.
Jawa
ugi anggadhahi naskah ingkang kaserat mawi aksara Jawa. Ananging naskah Jawa
menika kaserat wonten dluwang. Naskah Jawa katingal langkung maneka warna,
amargi saking dluwangipun menika wonten ingkang ageng wonten ingkang namung
sabuku alit, saking kandelipun ugi beda-beda, saha jenis dluwang ingkang
dipunangge ugi beda. Amargi dipunserat wonten dluwang, dados boten langkung
awet saengga naskah Jawa kathah ingkang rusak, dluwangipun suwek utawi
warnanipun sampun maleh. Beda kaliyan lontar ingkang awet, sinaosa tetep wonten
ingkang rusak ananging langkung sekedhik tinimbang dluwang. Ananging naskah
Jawa samenika sampun dipunruwat wonten pinten-pinten perpustakaan-perpustakaan
wonten Jawa.
Dipunpirsani
saking perkawis sanes inggih menika basa. Bali saha Jawa sami anggadhahi
undha-usuk basa. Ananging babagan basa menika katingal lucu. menawi wonten Jawa
inggih menika basa krama alus, wonten ing Bali menika dados basa ngoko. Dados lucu menawi mirsani acara
pawartos Bali amargi pamedhar sabdanipun ngangge basa ngoko miturut masarakat
Jawa, sinaosa miturut masakat Bali menika sampun alus sanget.
Saking
perkawis sanesipun inggih menika ageman utawi rasukan. Masarakat Bali sami
kaliyan masarakat Jawa ingkang anggadhahi ageman adat ingkang biasa dipunangge
wekdal upacara adat utawi dinten-dinten ageng. Ananging bedanipun wonten Jawa
upacara adat sampun boten asring katingal saengga ugi boten aseing katingal
wonten masarakat ingkang ngangge ageman adat, kadose ageman adat namung
dipunangge wekdal-wekdal tartamtu kemawon. Enawi wonten Bali, macak ngangge
ageman adat sampun dados biasa. Malah wonten aturanipun kangge tiyang ingkang
ngangge ageman adat wonten ing margi, inggih menika boten usah ngangge helm
sampun boten menapa-menapa. Boten mangertos menapa ingkang dipunadakaken dening
masarakat Bali amargi masarakatipun asring sanget katingal ngangge ageman adat
sinaosa wonten griya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, asal boten ngagge tembung2 kang nyleneh - sensooorrr