Wewaran asilipun ingkang lolos seleksi pandaftaran
CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) taun 2013 sampun medal wonten ing tanggal 24
September 2013 kala wingi. Asilipun inggih menika 637 pandaftar wonten ing
bidang Tenaga Guru, 3.098 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Kesehatan, saha 9.757
pandaftar wonten ing Tenaga Teknis, ingkang dipunetang dados 13.492 pandaftar.
Pengumuman menika katingal jomplang menawi
dipuntingali saking kathahipun
tiyang ingkang dipunpundhut dening Pemerinteh Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta
(Pemda DIY) inggih menika namung 120 tiyang.
Jomplangan menika wonten ingkang dados begjan ugi
wonten ingkang dados masalah. Kabegjanan saged katingal kangge Ngatwanto saking
Bentak, Kec. Sidoharjo, Kab. Sragen ingkang daftar wonten ing bidang Tenaga
Kesehatan jabatan Dokter Spesialis
Paru-paru. Dipunarani begja amergi namung piyambakipun kemawon ingkang
daftar kamangka ingkang dipunpudnhut dening Pemda DIY ugi namung satunggal
tiyang kemawon. Saking menika sampun saged dipunanalisis bilih Ngatwanto menika
badhe lolos dados PNS. Ananging kosok balen saking Ngatwanto, Salsabila
(samaran) ngraos bilih wewaran asil menika dados masalah kangge piyambakipun.
Salsabila, 31 th, guru Basa Inggris wonten ing salah
satunggaling Sekolah Dasar (SD) swasta menika daftar wonten ing bidang Tenaga
Teknis jabatan Instruktur Bahasa
ingkang dipuntumuti dening 1.491 tiyang ananging ingkang dipunpundhut namung 2
tiyang. Piyambakipun ngendika bilih wonten kathah perkawis dumugi piyambakipun
daftar CPNS menika. Salah satunggalipun amarga kwewaran Dinas Pendidikan bilih
Basa Inggris dipunicalaken saking SD, kamangka piyambakipun sampun makarya
dados guru Basa Inggris wiwit 5 taun kepungkur. Sinaosa ugi kathah guru SD
ingkang langkung dangu tinimbang piyambakipun, ananging raosipun boten namung
Salsabila kemawon ingkang bingung kedah pindah dhateng pundi, ananging
guru-guru Basa Inggris SD sanesipun ugi bingung kados pundi.
Pemerintah sampun maringi waosan bilih Basa Inggris
dipunicalaken saking SD. Wewaran samenika dados masalah kangge guru-guru Basa
Inggris SD lajeng guru-guru Basa Inggris SD menika kathah ingkang mlayu dhateng
jabatan Instruktur Bahasa wonten ing
bidang Tenaga Teknis, amargi wonten ing bidang Tenaga Guru boten wonten pilian
dados guru Basa Inggris utawi ingkang maringi sarat ijazah Pendidikan Bahasa
Inggris/Sastra Inggris. Kamangka Instruktur Bahasa menika sanes makarya dados
guru, ananging makarya wonten ing kantor dinas.
Miturut Salsabila, wewaran pemerintah menika lepat
sanget. Piyambakipun mangsuli mawi pirang-pirang perkawis, inggih menika
ingkang dipunsebataken “Kaping sapisan, sekolah ingkang kathah piyambak inggih
menika SD lajeng mata pelajaran Basa Inggris sampun wonten wiwit kala biyen,
menawi samenika dipunicalaken, lajeng guru-guru SD ingkang kathahipun nglangkungi
jumlahipun SD menika badhe tindak dhateng pundi? Kaping kalih, menawi badhe
pindah wonten ing SMP utawi SMA, sampun mesthi bilih wonten ing SMA saha SMP
menika sampun gadhah guru Basa Inggris piyambak, ingkang kaping tiga, menawi
boten angsal papan gantos makarya, menapa kedah nengga guru-guru Basa Inggris
sanesipun pensiun rumiyen? Kamangka guru-guru Basa Inggris taksih nem-nem
sedaya, lajeng ingkang kaping sekawan, menapa saged ing jaman samenika bilih
guru ngajar boten ing jurusanipun, berarti guru Basa Inggris SD kedah kuliah
malih kangge mundhut jurusan enggal supados saged ngajar malih.”. saking sekawan
alesan Salsabila menika, piyambakipun wanti-wanti kaliyan pandaftaran CPNS taun
menika. Mila boten aneh menawi pandaftar jabatan Instruktur Bahasa ingkang dipunpundhut saking jurusan S1 Pendidikan
Bahasa Inggris/ Sastra Inggris menika kathah pandaftaripun.
Salsabila nambahi bilih piyambakipun boten angsal
tumut pandaftarn CPNS menika. Sekolah ingkang dados papanipun Salsabila makarya
boten maringi ijin bilih wonten ingkang daftar CPNS. Mila piyambakipun
ngatos-atos sanget anggenipun daftar CPNS menika. Saking ngatos-ngatose,
namanipun piyambak ingkang kaserat wonten ing papan wewaran ingkang lolos seleksi
administrasi menika dipuncoret-coret
kanthi boten katingal malih, supados boten wonten ingkang mangertosi bilih
piyambakipun tumut pandaftaran CPNS menika.
Salsabila dumugi samenika taksih ngajar wonten
sekolahan papanipun ngajar kados biasanipun. Piyambakipun namung wanti-wanti
menawi benjeng-benjeng kedah ‘mutung’ saking prakaryanipun, piyambakipun sampun
anggadhahi pilian sanes. Sinaosa boten dados guru malih, ananging jaminanipun
sampun cetha sae. Amarga jabatan Instruktur
Bahasa menika badhe dipunpapanaken wonten ing BLKPP Dinas Tenaga kerja dan Transmigrasi.
Kulawarga Salsabila wonten garwa saha putra 2
ingkang ageng piyambak taksih TK ageng. Pangasilan saben wulan antawisipun
Salsabila kaliyan garwanipun taksih kathah Salsabila. Garwanipun Salsabila
menika sampun boten saged daftar CPNS amargi yuswanipun sampun boten jangkepi,
menawi yuswanipun jangkepi, ananging Indeks
Prestasi (IP) nalika kuliah ingkang boten jangkepi. Dados, menika dados
masalah kulawarga ingkang serius miturut Salsabila. Boten saged menawi
Salsabila mutung saking makarya, lajeng namung garwanipun ingkang pados arta
jangkepi kabetahan, kamangka putranipun kalih taksih alit-alit. Menawi
Salsabila pados lowongan ugi boten saged instan
langsung angsal prakaryan enggal. Kejaba saking sekolah, mliginipun saking
pemerintah, guru Basa Inggris ingkang dipunwedalaken saking sekolah menika
dipunparingi papan enggal piyambak-piyambak kadose adil.
Salsabila ngendika bilih dumugi samenika
piyambakipun namung saged usaha saha donga. Soal-soal latian saha kisi-kisi
saking Pemda sampun dipunpelajari dumugi samenika kangge ngadhepi ujian CPNS
tangga 3 November 2013 benjeng. Donga dinunga ugi dipunsuwunaken wonten ing
kulawarga ageng. (Fithria Nur Halimah-11205244024)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, asal boten ngagge tembung2 kang nyleneh - sensooorrr