Alergi ingkang Dipunturunaken
Istilah
Eksim (eczema) utawi Desmatitis inggih menika istilah dokter
kangge mastani radang kulit inggih menika kulit dados abrit saha gatel. Eksim
inggih menika salah satunggaling alergi ingkang dipunturunaken dhateng anak
utawi biasanipun putu ananging boten nular dhateng tiyang sanes. Penyebab Eksim
antawisipun amargi kulit lembab saha sistem imun
(kekebalan tubuh) ingkang kirang.
Ananging miturut dokter, penyebab Eksim saben tiyang beda-beda, saged ugi
amargi stress utawi kathah pikiran. Gejala eksim ingkang sapisan inggih menika
gatel. Gatel ingkang sanget. Gatel menika kadang-kadang saderengipun kulit
dados abrit. Lajeng kulit karaos kering saha kandel.
Eksim
saged nyerang sedaya tiyang saking lare alit dumugi sepuh, jaler utawi estri.
Ananging kangge lare alit, Eksim taksih saged ical mawi umur ingkang langkung
nambah. Ananging kangge tiyang dewasa saha sepuh biasanipun Eksim taksih asring
kumat sinaosa gatelipun sampun ical. Miturut Dokter Basar, Maguwoharjo, sinaosa
gateling Eksim wonten kulit sampun ical, ananging taksih wonten kemungkinan
kumat, kumatipun wonten ing perangan awak ingkang sami. Eksim asringipun wonten
ing asta saha samparan. Ananging boten kajawi saged ugi wonten ing kulit
perangan sanes.
Salah
satunggaling pasien Eksim inggih menika Ema, 19 taun, mahasiswa jurusan
Pendidikan Basa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta. Ema ngendika bilih sampun
langkung satunggal taun anggadhahi Eksim. Eksimipun Ema kadose langka amargi
arang sanget Eksim ingkang nyerang perangan awah sisih menika, utamanipun
kangge masarakat Indonesia. “Eksim kula wonten ing vagina,” cariosipun Ema,
“Wiwitan menika kula ngraos gatel sanget. Kula priksa ten klinik, miturut
dokter, menika jamur, lajeng dipunparingi obat oles. Dumugi obatipun telas,
kula balik ten klinik malih, boten nyangka bilih sampun satunggal taun
kepengker kula priksa. Lajeng dipunrujuk ten Dokter Spesialis Kulit &
Kelamin, Dokter Satiti ten Apotik Depok. Miturut dokter Satiti, menika Eksim.” Miturut
Dokter Satiti, piyambakipun boten saged paring pangobatan menapa-menapa kajawi
wonten ewah-ewahan wonten ing kulitipun.
Eksim
kadhapuk sakit ingkang parawatanipun susah. Nalika kulit kenging Eksim, lajeng
kenging gesekan sekedhik, mila gatelipun langsung karaos sanget saha boten
saged dipuntahan. Miturut Dokter Basar, arang sanget piyambakipun mangertosi
Eksim wonten ing vagina, biasanipun wonten ing samparan.
Sampundipunserat
bilih Eksim menika kelebet jenising alergi. Kathah-kathahipun alergi ingkang
wonten ing kulit, ingkang dipunsebabaken dhaharan utawi sanesipun menika saged ical
bilih sistem imun dipuntambah. Panambahan sistem imun saged saking olahraga,
kathah-kathah ngunjuk toya bening, saha asring dhahar buah. “Dokter kula ngelem
kula supados radi seneng bilih Eksim kula saged mari, ananging kedah nambah sisitem imun kula. Ananging kula
taksih parno bilih Eksim kula menika angel marinipun.” Cariosipun Ema sinambi
mesem.
Ema
wedi kaliyan penyakitipun menika. Piyambakipun taksih nem saha dereng nikah.
Eksim ten vagina temtunipun damel Ema parno babagan hubungan seks samangke
menawi sampun nikah. Ananging miturut Dokter Satiti Eksim menika boten kanthi
minggah wonten ing perawan awak sisih lebet. Kadosta mlebet wonten ing rahim
utawi sanesipun. Ema carios malih bilih dokteripun paring panyaruwih supados
piyambakipun tes alergi wonten ing rumah sakit. “Menawi asilipun pancen kula
anggadhahi alergi awujud Eksim menika, kula kedah nyuwun obat alerginipun kados
pundi. Saha kula kedah priksa nalika gatel.”
Eksim
ingkang dipunraosaken Ema asring kumat saderengipun saha sasampunipun
menstruasi. Ema nate angsal iritasi amargi Eksimipun kumat. “Saderengipun
sampun kula cek piyambak. Kadose parah amargi warna abrit saha gatelipun dumugi
wingking, kula pun boten pikir malih, langsung ten klinik langganan kula wekdal
setengah 11 dalu menika.”
Ema
anggadhahi tips piyambak kangge jagi kesehatanipun saha antisipasi nalika
Eksimipun kumat.
1.
Beta tisu utawi andhuk alit nemawi
tindak-tindak, ten pundi kemawon. Fungsinipun kangge ngelap sasampunipun pipis.
Paling efektif beta tisu amargi saged langsung dipunbuwang,
2.
Gantos CD minimal kaping kalih sadinten.
Menawi saged ugi beta cadangan CD menawi tindak-tindak. CD boten angsal reged,
menawi sampun reged, mila enggal-enggal dipungantos,
3.
Boten gonta-ganti produk kulit, kadosta
make-up, pembalut, utawi piranti siram. Utamanipun sabun siram boten angsal
ginakaken sabun kesehatan, ph-nipun boten cocok kaliyan kulit ingkang iritasi
saha sensitive. Dados, ginakaken sabun kecantikan kemawon,
4.
Kathah-kathah dhahar buah saha
asring-asring ngunjuk toya bening,
5.
Priksa rutin saha waspada gejalanipun,
6.
Rela kelangan arta saha wekdal ingkang kathah kangge
perawatan piyambak.
Tips
ingkang kaping pungkasan inggih menika tes alergi, ananging Ema piyambak dereng
sempet tes. Ema ugi pengin Eksimipun boten kumat malih. “Mesake bojo kula
menawi kula taksih gadhah Eksim ten vagina.”. Ukara pungkasaning Ema negesaken
bilih piyambakipun pengin mari kangge masa depanipun.
Jagi
kesehatan menika wigati sanget. Boten mirah kangge sehat, mila sedaya wujud
perawatan kangge dhiri piyambak kedah wonten. Amargi ingkang paling mangertosi
kahananing awak namung kita piyambak. (Fithria Nur Halimah-11205244024)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, asal boten ngagge tembung2 kang nyleneh - sensooorrr