Yogyakarta – Minggu,
22 Desember 2013, wonten ing gedhung BPKB (Balai Pengembangan Kegiatan Belajar)
Jogja, dipunwontenakaken ujian penurunan Kyu kangge para karateka (sebataning
anggota karate). Ujian penurunan Kyu inggih menika ujian gantos tingkatan sabuk
karate. Ujian menika dipunwontenaken dening Pengprov (Pengurus Provonsi) DIY sasaranipun
para karateka INKAI (Institut Karate-do Indonesia) sa-DIY. Pasarta ujianipun wonten
400 karateka wiwit saking sabuk pethak dumugi coklat ingkang dipunuji dening
sabuk cemeng. Ujian ingkang dipunwontenken saben 6 wulan sapisan menika
dipunpandegani dening Khaerina Harsamurti, mahasiswa
Fakultas Ilmu Keolahragaan
Universitas Negeri Yogyakarta angakatan 2011.
Biasanipun gashuku (latian sareng saderengipun
ujian) dipunwontenaken wiwit sabuk pethak dumugi coklat, lajeng ujianipun dipunwiwiti
urut saking sabuk pethak dumugi coklat. Ananging ujian kala wingi beda. Gashuku dipunwontenaken namung kangge
sabuk ijem dumugi coklat. Gashuku
dipunwontenaken dinten Sabtunipun (21/12). Dados ujian dinten Minggunipun
dipunwiwiti saking sabuk ijem lajeng biru, nembe pethak lajeng kuning, ingkang
pungkasanipun sabuk coklat. Amargi gashuku-nipun
beda, sabuk kuning boten saged loncati sabuk. Loncat sabuk inggih menika
Kyunipun langsung ngandhap kalih utawi langkung saking kalih. Tuladhanipun,
sabuk kuning Kyu 8 saged langsung dados Kyu 5 lajeng dados sabuk ijem. Ujian
loncat sabuk menika sareng kaliyan sabuk ingkang dipunloncati. Perkawis menika
dadosaken sabuk kuning iren kaliyan saha kuciwa amargi sabuk ijem sampun ujian
rumiyen saderengipun sabuk kuning, dados boten saged loncat sabuk mawi tumut
ujianipun ingkang sabuk ijem.
Boten wonten
alasan ingkang cetha babagan menika. Ananging ingkang dipunandharaken dening
ingkang sabuk cemeng, Pengprov wiwit menika sampun pilih-pilih pundi ingkang
saged serius saha bener-bener sae. Sabuk kuning menika karateka tengah ingkang
siap mateng dados atlit, dadosipun kedah dipunolah kanthi temen, sampun loncat
sabuk. Sabuk ijem ingkang saged loncat sabuk anggadhahi kawajiban tumut latian
pusat saben seminggu kaping tiga wonten ing Dojo pusat, Dojo Samawi. Menawi
mekaten, tegesipun ujian salajengipun ugi ginakaken sistem samenika. (Fithria Nur Halimah-11205244024)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, asal boten ngagge tembung2 kang nyleneh - sensooorrr