Jumat, 24 Januari 2014

Program Kerja Taunan


Ormada Lomba Buka Lapak
Bojonegoro Organisasi Mahasiswa Daerah utawi ingkang kawastanan Ormada inggih menika organisasi ingkang ngemot para mahasiswa saking satunggal dhaerah. Kathah-katahipun saben Perguruan Tinggi anggadhahi Ormada saking pinten-pinten dhaerah. Salah satunggaling Ormada ingkang kathah kasebar wonten pinten-pinten Perguruan Tinggi inggih menika saking dhaerah Bojonegoro. Wonten ing Institut Teknologi Sepuluh November, mahasiswa saking Bojonegoro kaimpun wonten ing Ormada ingkang kawastanan Forbits (Forum Bocah Bojonegoro Institut Teknologi Sepuluh November). Nama menika beda kaliyan mahasiswa saking Bojonegoro ingkang kuliah wonten ing Universitas Brawijaya
ingkang kawastanan BSB (Brawijaya Student of Bojonegoro) saha Universitas Negeri Malang ingkang kawastanan (Himpunan Mahasiswa Bojonegoro). Wonten ing Jogja saha Semarang ugi sami anggadhahi Ormada saking Bojonegoro. Bedanipun mahasiswa saking Bojonegoro ingkang wonten ing Jogja saha Semarang boten kaimpun wonten ing saben Perguruan Tinggi ananging langsung sa-Jogja, ingkang kawastanan Imago (Ikatan Mahasiswa Bojonegoro-Yogyakarta) saha sa-Semarang ingkang kawastanan Mabes (Mahasiswa Bojonegoro Ndek Semarang).
Sami kaliyan organisasi-oraganisasi sanes, Oramda ugi anggadhahi pengurus ingkang saben taun gantos saha anggadhahi proker (Program Kerja) ingkang saben taun dipunwontenaken dening pengurus enggal. Proker ingkang mesthi dipunwontenaken inggih menika brifing. Brifing utawi sosialisasi Perguruan Tinggi saking saben Oramada dipunwontenaken saben wulan Januari, preinan semester ganjil kangge mahasiswa, utawi wiwitaning semester genap kangge sekolahan. Brifing kaancas dhateng para siswa kelas XII SMA/MA/SMK/sadrajat. Wosing brifing inggih menika nepangaken babagan Perguruan Tinggi saben Ormada, paring gambaraning mahasiswa kuliah saha pagesangan wonten ing kampus utawi kuthaning kampus, ugi boten kesupen paring motivasi dhateng para siswa kelas XII kangge nglajengaken kuliah. Brifing ingkang kawontenaken menika mawi kerjasama kaliyan sekolah-sekolah ingkang katuju.
Boten namung Brifing, saking pinten-pinten Ormada anggadhahi inisiatif kangge ngawontenaken Try Out ingkang ancasipun kangge latiananing siswa kelas XII. Try Out Ujian Nasional utawi Try Out ujian tulis mlebet Perguruan Tinggi ingkang kawastanan Try Out SNMPTN (Seleksi Nasional Masuk Perguruan Tinggi Negeri). Ormada ingkang ngawontenaken Try Out taun menika wonten Imago, Forbits, saha Mabes.
Saderengipun acara Try Out dipunwiwiti, sampun mesthi bilih para anggota Ormada ingkang brifing wonten ing sekolah-sekolah kedah pados peserta. Promosi Try Out sasampunipun brifing kedah dipunwontenaken supados narik minat para siswa. Boten namung promosi wonten kelas, para Ormada ugi bika stand kangge sadean tiket. Stand menika saben taun dipunbika wonten ing ngajeng SMA Negeri 1 Bojonegoro.
Saben wekdal 09.00, para Ormada sampun gelar karpet saha pasang banner (spanduk) saben Ormada dumugi samangke wekdal sonten. Para siswa ingkang badhe mundhut tiket biasanipun ijin medal saking sekolahan utawi rawuh sasampunipun wangsul sekolah. Biasanipun peserta boten namung saking sekolahan ingkang dipunbrifing, ananging promosi ugi kasebaraken saking radio mawi on air langsung saking panitia Try Out. Pesertanipun dipuntarget saged jangkepi satunggal sekolahan kanthi ginakaken sedaya kelas. Menawi dipunetang peserta dumugi 400 siswa.
Acara taunan menika kadosta lomba saking pinten-pinten Ormada. Sami-sami anggadhahi proker ingkang sami, ananging ingkang ngawontenaken beda-beda. Para siswa kelas XII biasanipun bingung, wonten ugi ingkang males amargi kakathahan Brifing saha Try Out.
Taun kepungkur, stand wonten ing ngajeng SMA Negeri 1 Bojonegoro dumugi 5 stand. Dipuntingali saking kiwa tengening margi ageng ngajeng SMA Negeri 1 Bojonegoro. Sedayanipun sadean tiket Try Out. Saking Imago, Forbits, BSB, Himabo, saha UI (Universitas Indonesia). Ugi nate wonten siswa ingkang salah stand saking kathahing stand Try Out. Sinaosa mekaten, saben Ormada tetep sportif. Sedayanipun anggadhahi kaunggulan piyambak-piyambak wonten ing Try Out ingkang dipunwontenaken.
Sinaosa mekaten, ancas saking brifing saha Try Out menika namung satunggal inggih menika dados ‘jembatan’ kangge siswa kelas XII kangge ngadhepi kuliah. Lajeng ingkang kedah dipunutamakaken inggih menika paring motivasi dhateng para siswa kelas XII supados purun nglajengaken sekolah ingkang langkung inggil saha saged ngadhepi Ujian Nasional kanthi tenang. Boten kesupen ugi bagi pengalaman minangka mahasiswa. (Fithria Nur Halimah-11205244024)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, asal boten ngagge tembung2 kang nyleneh - sensooorrr