Senin, 27 Januari 2014

ECZEMA




Alergi ingkang Dipunturunaken 
Istilah Eksim (eczema) utawi Desmatitis inggih menika istilah dokter kangge mastani radang kulit inggih menika kulit dados abrit saha gatel. Eksim inggih menika salah satunggaling alergi ingkang dipunturunaken dhateng anak utawi biasanipun putu ananging boten nular dhateng tiyang sanes. Penyebab Eksim antawisipun amargi kulit lembab saha sistem imun (kekebalan tubuh) ingkang kirang. Ananging miturut dokter, penyebab Eksim saben tiyang beda-beda, saged ugi amargi stress utawi kathah pikiran. Gejala eksim ingkang sapisan inggih menika gatel. Gatel ingkang sanget. Gatel menika kadang-kadang saderengipun kulit dados abrit. Lajeng kulit karaos kering saha kandel.

Jumat, 24 Januari 2014

Program Kerja Taunan


Ormada Lomba Buka Lapak
Bojonegoro Organisasi Mahasiswa Daerah utawi ingkang kawastanan Ormada inggih menika organisasi ingkang ngemot para mahasiswa saking satunggal dhaerah. Kathah-katahipun saben Perguruan Tinggi anggadhahi Ormada saking pinten-pinten dhaerah. Salah satunggaling Ormada ingkang kathah kasebar wonten pinten-pinten Perguruan Tinggi inggih menika saking dhaerah Bojonegoro. Wonten ing Institut Teknologi Sepuluh November, mahasiswa saking Bojonegoro kaimpun wonten ing Ormada ingkang kawastanan Forbits (Forum Bocah Bojonegoro Institut Teknologi Sepuluh November). Nama menika beda kaliyan mahasiswa saking Bojonegoro ingkang kuliah wonten ing Universitas Brawijaya

Karate, Ujian Kyu Damel Iren


Yogyakarta – Minggu, 22 Desember 2013, wonten ing gedhung BPKB (Balai Pengembangan Kegiatan Belajar) Jogja, dipunwontenakaken ujian penurunan Kyu kangge para karateka (sebataning anggota karate). Ujian penurunan Kyu inggih menika ujian gantos tingkatan sabuk karate. Ujian menika dipunwontenaken dening Pengprov (Pengurus Provonsi) DIY sasaranipun para karateka INKAI (Institut Karate-do Indonesia) sa-DIY. Pasarta ujianipun wonten 400 karateka wiwit saking sabuk pethak dumugi coklat ingkang dipunuji dening sabuk cemeng. Ujian ingkang dipunwontenken saben 6 wulan sapisan menika dipunpandegani dening Khaerina Harsamurti, mahasiswa

WhatsApp Bali? WhatsApp Jawa?


Bali, Pulau Dewata, Permata Indonesia utawi ingkang dipunwastani ugi Paris Indonesia. Pulau ingkang saben-saben papan inggih menika wisata. Pulau alit ingkang wonten ing wetanipun Jawa ananing masarakatipun kathah sanget, boten kajawi turis ugi, turis domenstik utawi turis manca. Pulau ingkang pitadosanipun kathah-kathahipun inggih menika Hindu, saged katingal sanget saking budaya ingkang wonten ngrika. Kadosta, maringi sajen wonten ing ngajengan, ngajeng toko, dalem, panggung, kampus, utawi ngajengan papan sanesipun. Bangunan-bangunanipun ugi taksih kenthel sanget kalian hindu.

K-Pop, Budaya ing Madyaning Budaya


Sinten ingkang boten mangertosi istilah K-Pop menika? K-Pop inggih menika genre utawi jenis musik saking Negara Gingseng, Korea, kadosta Boyband saha Girlband menika. Wonten malih istilah K-Popers, inggih menika istilah kangge tiyang-tiyang, wiwit alit saha dewasa ingkang kathah-kathaipun lare-lare nem, ingkang sami remen kaliyan Boyband saha Girlband saking Korea menika, utawi wastanan sanesipun inggih menika tiyang K-Pop. Boyband saha Gilrband inggih menika panembang lagu ingkang nembangaken lagu sareng-sareng saget tiyang 5 utawi langkung saking 10, saha nembangipun saweg beksan sareng-sareng, tuladhanipun

Nelangsane Guru Basa Inggris SD


Wewaran asilipun ingkang lolos seleksi pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) taun 2013 sampun medal wonten ing tanggal 24 September 2013 kala wingi. Asilipun inggih menika 637 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Guru, 3.098 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Kesehatan, saha 9.757 pandaftar wonten ing Tenaga Teknis, ingkang dipunetang dados 13.492 pandaftar. Pengumuman menika katingal jomplang menawi

‘Jomplanganing’ Pandaftaran CPNS 2013

Namung dipunpundhut 0,008% saking kathahipun pandaftar
Yogyakarta – Pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) tahun 2013 sampun dipunumumaken dening Pemerintah Daerah, boten kesupen ugi Pemerintah Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta (Pemda DIY) ingknag samenika sampun ngedalaken pengumuman pandaftaran CPNS menika. Pawarta menika ketingal sanget bilih dados waosan paling nginggil wonten ing antawisipun masyarakat, utamanipun tiyang-tiyang ingkang anggadhahi prakarya ingkang taksih jangkepi anggenipun tumut pandaftaran CPNS menika. Bidang ingkang dipunbika inggih menika Tenaga Guru ingkang dipunudhar dados 4 jabatan, Tenaga Kesehatan ingkang dipunudhar dados 13 jabatan, saha Tenaga Teknis ingkang dipunudhar dados 32 jabatan.

TES SIDIK JARI MANGERTOSI BAKAT


Tes sidik jari minangka salah satunggaling tes kangge mangertosi bakat saben tiyang sampun kathah wonten ing wekdal samenika. Salah satunggaling instansi ingkang ngawontenaken inggih menika STIFIn. Kantor STIFIn Sleman wonten ing Ring Road ler, perempatan Kentungan. STIFIn anggadhahi konsep bilih bakat saben tiyang kapantha dados 5 kados dene otak tiyang inggih menika otak kiwa ngandhap, otak kiwa nginggil, otak tengen nginggil, ortak tengen ngandhap, saha otak tengah. Perangan otak pundi ingkang dominan piyambak menika nedhahaken bakatipun. Urut-urutaning bakat saking 5 perangan otak

‘Jontrok-jontrokaning’ Peken Elektronik


Surabaya - Sampun sami dipunmangerteni bilih wonten pirang-pirang piranti rumahtangga kadosta TV, kulkas, saha mesin cuci, ingakng nyerat merk kadosta Sharp, Toshiba, saha Panasonic ingkang sedayanipun dipundamel dening Negari Jepang. Negara Jepang menika kathah-kathahipun damel piranti otomotif saha elektronik. Ananging samenika piranti Jepang sampun wiwit dipungusur dening tangganipun inggih menika Negari Korea. Korea samenika samput miwiti jumengen kaliyan piranti elektronikipun.